Halaman

Minggu, 26 Mei 2019

Tembang Wedhatama Pupuh Gambuh Samengko ingsun tutur Tembang Gambuh Samengko ingsun tutur

1. Paugeran tembang Gambuh, yaiku         

a. Guru gatra = 5 gatra/larik        
b. Guru wilangan = 7, 10, 12, 8, 8        
c. Guru swara = u, u, i, u, o        
d. Sasmitane tembang Gambuh = embuh, tambuh, sembuh, imbuh, kambuh, wimbuh        
e. Watake tembang Gambuh = sumanak, sumadulur, prayoga kanggo aweh pitutur utawa sesorah sing rada sereng

2. Unsur kang Ambangun Teks          

  •  Laras = swara iramaning gamelan         
  •  Titi laras = tulisan/tandha sing nggambarake cendhek dhuwuring swara         
  •  Cakepan = rerangkening tetembungan kang ana sajroning tembang         
  •  Pathet = dhasar cendhek dhuwuring larase swara gamelan         
  •  Pedhotan = tatacarane medhot tetembungan supaya kepenak diwaca ing sajroning gatrane tembang         
  •  Andheg = selehing swara saben gatra         
  •  Luk = ngenggokake/mbengkongake titi laras         
  •  Gregel = variasi munggah mudhune titi laras sing ora ana luk e         
  •  Cengkok = cirine tembang antarane tembang siji lan sijine

3. Pitutur luhur sajroning tembang Gambuh Tembang Gambuh         

Samengko ingsun tutur       
sembah catur supaya lumutur       
dhihin raga cipta jiwa rasa kaki       
ing kono lamun tinemu       
tandha nugrahaning Manon       
Sembah raga puniku       
pakartine wong amagang laku       
sesucine asarana saking warih       
kang wus lumrah limang wektu       
wantu wataking wewaton       

Pitutur luhur e :         

~ Saiki aku arep aweh pitutur/ ngomong        
~ Patrap sembah papat supaya bisa lumuntur (4 jenis sembah supaya dilestarikake)        
~ Yaiku sembah raga, sembah cipta, sembah jiwa, lan sembah rasa        
~ Iku kabeh bisa kasembadan / kelakon        
~ Minangka tandha nugrahane kang Maha Kuwaos        
~ Sing diarani sembah raga yaiku        
~ Pakartine wong nedheng nindakake laku        
~ Sesucine lantaran sarana saka banyu        
~ Banjur nindakake Shalat limang wektu        
~ Jumbuh karo wewaton sing samesthine kudu sitindakake

4. Papat jenis sembah         

a. Sembah raga = sembah kang nggunakake gerakan / badaniyah        
b. Sembah cipta / sembah kalbu / sembah ati = kita sbg manungsa kudu bisa ngendalikake                        hawa nafsu        
c. Sembah jiwa = kita kudu eling (dzikir) lan waspada        
d. Sembah rasa = sembahyang dgn menggunakan perasaan

5. Empat jenis nafsu      

a. Nafsu Amarah merupakan nafsu yang membawa kita pada keburukan.    
b. Nafsu Mutmainah merupakan nafsu yang membawa kita menuju kebaikan.    
c. Nafsu Mulhimah merupakan nafsu yang ditimbulkan oleh Mata/Penglihatan.    
d. Nafsu Alumuah merupakan nafsu yang ditimbulkan oleh Mulut/Kenikmatan Rasa.


1 komentar:

  1. Tulisan Sakti: Tembang Wedhatama Pupuh Gambuh Samengko Ingsun Tutur Tembang Gambuh Samengko Ingsun Tutur >>>>> Download Now

    >>>>> Download Full

    Tulisan Sakti: Tembang Wedhatama Pupuh Gambuh Samengko Ingsun Tutur Tembang Gambuh Samengko Ingsun Tutur >>>>> Download LINK

    >>>>> Download Now

    Tulisan Sakti: Tembang Wedhatama Pupuh Gambuh Samengko Ingsun Tutur Tembang Gambuh Samengko Ingsun Tutur >>>>> Download Full

    >>>>> Download LINK

    BalasHapus